img

Deskripsi

Buku ini merupakan buku pembelajaran muatan lokal (Mulok) untuk siswa tingkat SMA/MA/SMK/MAK/SMALB/Paket C kelas XI. Tujuan penyusunan buku ini untuk memperluas pengetahuan dalam kegiatan pembelajaran mulok di kelas tentang bahasa jawa.

Sinopsis

Buku ”Arum Mardikaning Basa Jawi" punika kaserat adhedhasar Keputusan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah, Nomor: 423.5/04678, Tanggal 7 April 2022 Tentang Pedoman Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa Jenjang Pendidikan Dasar dan Pendidikan Menengah di Provinsi Jawa Tengah. Buku punika minangka salah satunggaling pambudidaya kangge nglestarekaken basa Jawi. Buku punika kaserat kangge nyekapi kabetahan wulangan Basa Jawi ing pawiyatan madya SMA/MA/SMK/MAK/SMALB/Paket C. Buku punika kababar kanthi migatosaken Capaian Pembelajaran Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa Pada Kurikulum Merdeka ingkang nyakup katrampilan reseptif (nyemak lan maos) saha katrampilan produktif (micara lan nulis). Anatomi jangkep saking buku punika dipunwiwiti kaliyan preliminary inggih punika wonten bebuka (prakata), isining buku, dhaftar gambar, dhaftar tabel, pitedah ngginakaken buku, profil pelajar Pancasila, capaian pembelajaran. Lajeng dipunjangkepi isinipun buku inggih punika wonten kover bab, pitakonan pemantik, peta materi, tujuan pembelajaran, kata kunci, apersepsi, nyemak, maca, micara, nulis, gladhen, tugas, ringkesan, refleksi, uji kompetensi wulangan, gladhen ujian tengah semester Ian gladhen ujian akhir semes-ter, soal HOTS, saha soal AKM. Ing pungkasanipun buku kaaturaken postliminary inggih punika wonten proyek penguatan profil pelajar Pancasila, glosarium, kapustakan, indheks, saha profil pelaku perbukuan. Sedaya tambahan perangan kalawau kaangkah sageda njangkepi isining buku saha nyekapi kabetahan ing pamulangan. Pramila sampun trep, bilih buku "Arum Mardikaning Basa Jawi" punika kangge ancer-ancer para guru saha para siswa ing salebeting pasinaon. Sedaya proses pembelajaran punika kangkah para siswa saged ngrembakakaken potensi dhiri kanthi mandhiri satemah saged nguwasani sakathahing kawruh basa Jawi minangka sangu ing madyaning pasrawungan.

Diskusi



Koleksi

Informasi Koleksi

  • Jumlah Terjual0
  • Harga Jual Rp.43.000
  • SKUA32401.002
  • E-ISBN9786231998354
  • PengarangHeri Setiawan
  • PenerbitTiga Serangkai Pustaka Mandiri
  • Jumlah Halaman224 Halaman
  • Jenjang SMA/SMK
Rating Pembaca :