img

Deskripsi

Buku ini merupakan buku pembelajaran muatan lokal (Mulok) untuk siswa tingkat SD/SDLB/MI kelas II. Tujuan penyusunan buku ini untuk memperluas pengetahuan dalam kegiatan pembelajaran mulok di kelas tentang bahasa jawa.

Sinopsis

Buku ”Sinau Basa lan Sastra Jawa kanthi Mardika" punika karakit kangge nyekapi kabetahan wulangan Basa Jawi ing pawiyatan andhap, Sekolah Dasar (SD), Sekolah Dasar Luar Biasa (SDLB), lan Madrasah Ibtidaiyah (MI). Buku punika karacik adhedhasar Keputusan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah, Nomor: 423.5/04678, Tanggal 7 April 2022 Tentang Pedoman Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa Jenjang Pendidikan Dasar dan Pendidikan Menengah di Provinsi Jawa Tengah. Buku punika kababar kanthi migatosaken Capaian Pembelajaran Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa Pada Kurikulum Merdeka ingkang nyakup katrampilan reseptif (nyemak lan maos) saha katrampilan produktif (micara lan nulis). Anatomi jangkep saking buku punika dipunwiwiti kaliyan preliminary inggih punika wonten, bebuka (prakata), dhaftar isi, dhaftar gambar, dhaftar tabel, pitedah ngginakaken buku, Profil Pelajar Pancasila, capaian pembelajaran. Lajeng dipunjangkepi isinipun buku inggih punika wonten kover bab, ukara/pitakonan pemantik, tujuan pembelajaran, kata kunci, peta materi, apersepsi, nyemak, maca, micara, nulis, gladhen, tugas, ringkesan, refleksi, uji kompetensi, gladhen ujian tengah semester, gladhen ujian akhir semester, kode QR, soal HOTS, lan soal AKM. Ing pungkasanipun buku kaaturaken postliminary inggih punika wonten glosarium, kapustakan, indheks, saha profil pelaku perbukuan. Sedaya tambahan perangan kalawau kaangkah sageda njangkepi isining buku lan nyekapi kabetahan ing pamulangan. Pitutur luhur utawi piwulang utami ingkang kamot ing buku ”Sinau Basa lan Sastra Jawa kanthi Mardika" punika ing pangangkah sageda tumut nyengkuyung anggenipun pamarintah ambangun budi pakerti (karakter Pancasila) saha jatidhiri tumrap bebrayan Jawi ingkang kawistara ing pocapan, patrap, lan polatan. Kaajab para siswa saged trampil ngginakaken basa Jawi ingkang laras lan leres. Inggih punika basa Jawi ingkang panganggenipun jumbuh kaliyan unggah-ungguh sarta adhedhasar paugeraning para-masastra basa Jawi ingkang lumampah ing bebrayan Jawi.

Diskusi



Koleksi

Informasi Koleksi

  • Jumlah Terjual0
  • Harga Jual Rp.37.000
  • SKUA32201.002
  • E-ISBN9786231998248
  • PengarangSumarlam, Ersyani Siti Suryani
  • PenerbitTiga Serangkai Pustaka Mandiri
  • Jumlah Halaman144 Halaman
  • Jenjang SD
Rating Pembaca :